Jumat, 13 April 2012

PRANATA ACARA PENGAJIAN

السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى عَلَى مَا خَتَمْنَاهُ مِنَ الدِّرَاسَةِ. وَنَسْئَلُ نَفْعَهَا لِنُنْذِرَ بِهَا اَهْلَ الْقَرْ يَةِ. وَنَدْ عُهُمْ إِلَلا سَبِيْلِ رَبِّنَا بِالْحِكْمَةِ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ إِبْنِ عَبْدِ اللهِ, وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَا بِهِ وَمَنْ وَالاَهْ وَعَلَى مَنْ أَقَا مَ هَذِهِ الْمَدْرَسَةِ. وَمَنْ عَلَّمَ وَتَعَلَّمَ فِيْهَا لاِعْلاَءِ كَلِمَةِ اللهِ. اَمَّا بَعْدُ Panjenenganipun para sepuh saha pinisepuh ingkang sampun pana ing pamawas, lebda ing pitutur, ingkang satuhu pantes kinabekten. Wabil Khusus: Romo Kyai............. Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu bagya mulya. Kasugengan, karahayon inggih awit sih nugrahaning Gusti ingkang Maha Kuwaos mugi tansah hangrenggani dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, sumrambah ing samudayanipun. Hamurwani tumapaking karya sedyatama, inggih awit saking rawuhipunipun ing wanci kalenggahan punika, kula pinangka pambiwara keparenga hambuka wenganing wicara, saperlu hangaturaken menggah urut reroncening adicara Pengaosan Umum dalam rangka HAFLAH AKHIRUSSANAH YAYASAN MUSTHOFAWIYAH NGURUAN SOKO TUBAN ing wanci kalenggahan punika. Hamung kewala, saderengipun pambiwara hangaturaken menggah urut reroncening adicara, jumbuh kaliyan kuncaraning bangsa kita, ingkang tansah hanengenaken ing panembah dhumateng Gusti ingkang Maha Mirah, sumangga langkung rumiyin kula dherekaken tansah cumadhong ing kamirahanipun. Mugi-mugi wiwit purwa madya ngantos wusananing sedya, lumampah kanthi sepen ing rubeda. Amin Yaa Robbal ‘Alamin. Rohmat salam saking gusti Alloh mugi tetep dateng gusti panutan kito nabi agung Muhamad SAW ingkang panjenenganipun dados rohmatal lil’alamin soho ingkang kito ajeng-ajeng syafaatipun awit kito gesang ing alam dunyo ngantos dumugi alam akherat. Sak lajengipun ing mriki kaulo matur ing ngarso panjenenganipun sami mboten ateges kaulo ngirangi susilo, anamung awratipun jejibahan ingkang kaparingaken dating kaulo ingkang supados nderekaken lampahipun titilaksono pengaosan dalam rangka HAFLAH AKHIRUSSANAH YAYASAN MUSTHOFAWIYAH NGURUAN SOKO TUBAN ing ndalu puniko. Pramilo kaulo bade mahos saken rerantamanipun acoro ingkang badhe lumampah sak lebetipun pengaosan sak mangkeh: 1. Pembukaan 2. Waosan ayat-ayat suci alqur’an 3. Sambutan – Sambutan 4. Hiburan 5. Mauidzotul Hasanah 6. Penutup/ Do’a Poro rawuh sinedhahan kakung putri ingkang satuhu bagya mulya. 1. Acoro engkang sepindah enggeh puniko pembikaan, monggo acoro wonten dalu puniko kito bikak kanthi waosan ummul kitab, ‘ala hadzihiniyyah assholihah alfatihah 2. Kalajengaken acoro engkang kaping kaleh enggeh puniko waosan-ayat-ayat suci al-Qur’an inkang badhe kawaos deneng Ananda “.....................” Kepada Ananda “..................” disilahkan……………………. Shodaqallaahul’adzim, meniko kolo wau waosan ayat-ayat suci al-Qur’an mugi-mugi saget nambah lancaripun acoro wonten dalu puniko. 3. Acoro engkang kaping tigo enggeh puniko sambutan-sambutan a. Ketua Panitia Sekaligus Memakili ketua Yayasan b. Kepala Desa c. Muspika Soko Dumateng panjenenganipun bapak meseri kulo sumanggaaken………………….mekaten kolo wau sambutan saking bapak ..... 4. dilajengaken acoro engkang kaping sekawan enggeh puniko Hiburan ingkang badhe kaisi group .....................saking........................... 5. Dilajengaken acoro engkang kaping sekawan enggeh puniko Mauidzotul Hasanah Ingkan badhe dipun Haturaken Panjenenganipun Romo Kyai KH. ,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,, Sekaligus Do’aipun. Dumateng Panjenenganipun Romo Kyai KH. ,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,, dihaturkan Mekaten para lenggah kakung saha putri, menggah urut reroncening adicara Pengaosan ing wanci kalenggahan punika. Pramila awit saking punika, purwa madya ngantos wusana, mugi para lenggah kakung saha putri, wontena suka lilaning penggalih tansaha paring puji astuti ngantos dumugi purnaning gati. Nuwun, Matur nuwun. HEHEHE.....BELAJAR JADI MC......MAKLUM YACH

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terima Kasih Atas Kunjungannya

Pages - Menu